perjalanan lalat hijau

LALAT HIJAU, sebuah catatan perjalanan untuk beberapa waktunya ke depan


Iki yo ngopo..


bcl
Originally uploaded by scandinavian_idiot.
Meh nyoba nggawe blog nganggo ngoko. Soale sak elingku ngasi saiki aku lagi pisan tok nemu ono wong nulis blog nganggo Jowo ngoko. Tur kui wae wis suwe, ndisik jamane jik ngekos. Lan jebulane wong kui yo wong Solo pisan, nek ra salah bocahe kui dj musik hip hop an ngono. “Aku pancen wis edan tenan ikiiii…” coba, ning endi kowe iso nemu blog sing isine kalimat koyo ngono? Moco koyo ngono yo malah nggawe ngguyu padahal isine serius. La ngopo yo ra ono sing gelem ngeblog nganggo ngoko? Ngoko lo, dudu boso Jowo tok, dudu kromo. Padahal Google Jowo wae bosone ngokonan. Ning aku iki ora ngajak lo, mengko dadi koyo JTV rek.. mung nek mbayangke jan jane lucu lo umpama iso moco blog-blog isine ngokonan. Yen blog pancen diari tenan, konco sambat tenan kudune rak ono to? Mumpung saiki Tukul Arwana lagi ngetop sisan.. Wooo ndeso!! ndeso!! huhahaha..

Yowis nek ngono meh nulis opo? Jik usum to masang cerkak ning blog? Rung ono sing rampung kok. Isine yo jik pancet, wong edan, wong sarap, mbayangke, sanak kadang, walah, kakean ide ra tau ono babarane. Ngapusi, koya wae kok tambah angel.

Jancuk! Nek ngono crito biasa wae yoh. Sasi iki aku asline wis nganggur, tapi kok dadine ben dino malah luwih kesel seko ndisik yo? Rung akeh sing ngerti sih, yen saiki kocape aku iki nyambi ngewangi ning dulurku sik karo golek gawean, rencanane sementara. Mung ojo ngasi mbaleni koyo kasus sak durunge iki wae. Tapi kudune bedo lah, wong jenenge iki karo dulur dewe, mestine luwih gampang ngurusine. Gaweane njur mirip karo sing sak durunge iki. Jalur salib maneh bos. Mbuh mesti kok jebluse sing koyo ngono. Dadine saiki aku tambah suwe tambah koyo duwe urip loro, tapi podo-podo ra iso ucul seko komputer. Awan tengen bengi kiwo? Mbuh lah. Desember iki wis rencana budhal Suroboyo maneh. Wis setaun ra ketemu konco-konco kuliah selain Oni karo Emen. Karepku meh golek kerjo sisan, selain njagong Iwan, ambek ditambahi acara siji maneh. Lagi ono loro kui acara sing wis jelas. Pirang dino rung weruh, manut duite ono opo ora barang. Sok e meh ning Petra, eh kae rasane pasti ding, wong wis janji ono titipan. Mbuh saiki opo maneh rasane ning Suroboyo. Jare Djohan lagi sumuk-sumuke, ah wis suwe lah kui Han. Jelas bakal akeh pekewuh mergo kudu nunuti wong-wong maneh, nginep ning omahe wong maneh, opo maneh saiki wis kalong sak nggon maneh, ra iso turu ning omahe Iwan. Kepikiran meh mangkat numpak pit montor, tapi wedi malah keblasuk, wong ra apal dalan luar kota. Mugo-mugo aku entuk gawean tenan lah ning kono, ora mung poya-poya tok.

Weh, jebule angel ngetik koyo ngene, koyo ngetik nganggo boso Inggris tanpo mumeti grammar. Wis sik, iki ono video klip e Bunga Citra Lestari nganggo kathok cendak koyo pemaine komedi tengah malam ning Lativi ndisik. Pancen BCL tenan bocah kui hehe...

0 Responses to “Iki yo ngopo..”

Posting Komentar


Web This Blog


XML

Powered by Blogger

make money online blogger templates




Free chat widget @ ShoutMix

Join the Blue Ribbon Online Free Speech Campaign
Join the Blue Ribbon Online Free Speech Campaign!



© 2006 perjalanan lalat hijau | Blogger Templates by GeckoandFly.
blog ini berisi catatan, kenangan, keluhan, caci maki, khayalan, pengakuan, tiruan, dan hasil kopi paste
blog ini tidak ada hubungannya dengan lalatx atau padepokan silat tertentu, pengelola sebenarnya tidak suka warna ijo!